1 Para Raja 22:4-10 JAV

4 Banjur ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Punapa panjenengan karsa tindak sesarengan kaliyan kula nglurugi Ramot-Gilead?” Paring wangsulane Sang Prabu Yosafat marang ratu ing Israel: “Kita punika sami, kula kaliyan panjenengan, rakyat kula kaliyan rakyat panjenengan, kapal kula kaliyan kapal panjenengan.”

5 Nanging Sang Prabu Yosafat ngandika marang ratu ing Israel: “Prayoginipun miterang rumiyin kados pundi pangandikaning Pangeran Yehuwah.”

6 Sang Prabu ing Israel nuli ngempalake para nabi, cacahe kira-kira ana patang atus, iku nuli padha didangu: “Apa ingsun kena mangkat perang nglawan Ramot-Gilead apa becik sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak! Pangeran badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

7 Nanging Sang Prabu Yosafat banjur ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten malih satunggaling nabinipun Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita saged nyuwun pitedah?”

8 Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”

9 Sang Nata ing Israel nuli nimbali sawijining punggawa kraton, dhawuhe: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

10 Nalika Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, padha lenggah ing dhampare piyambak-piyambak kalawan ngagem busana kaprabon, ana ing panuton ing sangarepe gapura Samaria, kaadhep dening sakehing nabi kang padha memeca,