1 Para Raja 22:8-14 JAV

8 Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”

9 Sang Nata ing Israel nuli nimbali sawijining punggawa kraton, dhawuhe: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

10 Nalika Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, padha lenggah ing dhampare piyambak-piyambak kalawan ngagem busana kaprabon, ana ing panuton ing sangarepe gapura Samaria, kaadhep dening sakehing nabi kang padha memeca,

11 Zedekia bin Kenaana gawe rerekan sungu wesi lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Kalawan sungu iki sira bakal nyundhangi Aram nganti padha sirna kabeh.”

12 Sakehe para nabi iya padha meca mangkono, unjuke: “Kawula aturi nglurug dhateng ing Ramot-Gilead, paduka badhe angsal damel; Pangeran Yehuwah badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

13 Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”

14 Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”