1 Para Raja 22:9-15 JAV

9 Sang Nata ing Israel nuli nimbali sawijining punggawa kraton, dhawuhe: “Mikha bin Yimla iku dienggal paranana!”

10 Nalika Sang Nata ing Israel lan Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, padha lenggah ing dhampare piyambak-piyambak kalawan ngagem busana kaprabon, ana ing panuton ing sangarepe gapura Samaria, kaadhep dening sakehing nabi kang padha memeca,

11 Zedekia bin Kenaana gawe rerekan sungu wesi lan banjur munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Kalawan sungu iki sira bakal nyundhangi Aram nganti padha sirna kabeh.”

12 Sakehe para nabi iya padha meca mangkono, unjuke: “Kawula aturi nglurug dhateng ing Ramot-Gilead, paduka badhe angsal damel; Pangeran Yehuwah badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”

13 Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”

14 Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”

15 Bareng wus sowan ana ing ngarsane Sang Prabu, Sang Prabu ndangu: “Mikha, apa ingsun padha kena nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga padha sunsandekake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak, panjenengan dalem badhe angsal damel, sabab Pangeran Yehuwah badhe masrahaken ing astanipun Sang Prabu.”