11 Mulane Gusti Allah nuli ngandika marang panjenengane: “Ing sarehne iku kang dadi panyuwunira lan ora nyuwun umur dawa utawa kasugihan apa nyawaning mungsuhira, nanging kalimpadan aweh putusan ing sajroning pangadilan,
12 mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.
13 Sarta kang ora sira suwun iya Sunparingake, yaiku kasugihan lan kaluhuran, satemah sajege uripira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira ing antarane para raja.
14 Lan manawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan parentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, Ingsun bakal paring tambahing umurira.”
15 Sang Prabu Suleman banjur wungu; jebul panjenengane supena. Sakondure menyang ing Yerusalem, panjenengane nuli jumeneng ana ing ngarepe pethi prajanjianing Yehuwah lan ngaturake kurban-kurban obaran lan kurban-kurban kaslametan. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur nganakake bujana kalawan para punggawa.
16 Ing nalika samana ana wanita tuna susila loro kang marak marang ing ngarsane Sang Prabu lan banjur ngadeg ana ing ngarsane.
17 Unjuke wong wadon kang siji: “Dhuh Gusti kawula! Kawula kaliyan tiyang estri punika manggen tunggil sagriya, lan kawula nglairaken jabang bayi nalika tiyang punika wonten ing griya.