19 Ing wanci dalu anakipun tiyang estri punika pejah, margi katindhihan ing piyambakipun.
20 Sareng tengah dalu piyambakipun tangi lajeng mendhet anak kawula saking ing sandhing kawula; nalika abdi dalem kawula tilem, anak kawula dipun tilemaken ing pangkonipun, dene anakipun ingkang pejah dipun tilemaken ing sandhing kawula.
21 Sareng enjing kawula tangi badhe nesepi anak kawula, bayi punika sampun tilar, nanging sareng kawula tamataken ing wanci enjing punika, katingal bilih punika sanes bayi ingkang kawula lairaken.”
22 Wong wadon sijine celathu: “Ora! Anakku kang urip, lan anakmu kang mati.” Nanging wong wadon kang kapisan celathu maneh: “Dudu! Anakmu kang mati, lan anakku kang urip.” Kaya mangkono anggone padha padu ana ing ngarsane Sang Prabu.
23 Sang Prabu banjur ngandika: “Kang siji kandha: Anakku kang urip iki lan anakmu kang mati. Sijine celathu: Dudu! Anakmu kang mati dene anakku kang urip.”
24 Sawuse mangkono Sang Prabu dhawuh: “Ingsun pundhutna pedhang!” Banjur kacaosan pedhang.
25 Sang Prabu dhawuh: “Bayi kang urip iku pedhangen dadi loro lan separo sira wenehna marang kang siji, separone marang sijine.”