1 Para Raja 3:2-8 JAV

2 Mung bae bangsa iku anggone nyaosake kurban isih ana ing tetengger pangurbanan, amarga nganti ing wektu iku asmane Sang Yehuwah durung diyasakake padaleman.

3 Lan Sang Prabu Suleman ngatingalake sih-sutresnane marang Sang Yehuwah kalawan netepi pranatan-pranatane Sang Prabu Dawud, kang ramane; mung bae panjenengane isih caos kurban sembelehan lan kekutug ana ing tetengger pangurbanan.

4 Ing sawijining dina Sang Prabu tindak menyang Gibeon, prelu caos kurban, sabab iku tetengger pangurbanan kang gedhe dhewe; sewu kurban obaran kang dicaosake Sang Prabu Suleman ana ing misbyah kono.

5 Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”

6 Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun ngatingalaken sih-kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun nglestantunaken sih-kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama, Paduka paringi anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang kalampahan ing dinten punika.

7 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka ingkang njumenengaken abdi Paduka punika dados ratu nggentosi Rama Dawud, rama kawula, sanadyan kawula taksih anem sanget lan dereng gadhah pengalaman.

8 Inggih kados makaten punika abdi Paduka wonten ing satengahing umat Paduka ingkang Paduka pilih, satunggaling umat ingkang ageng, ingkang cacahipun boten kenging kaetang sarta boten kenging kakinten-kinten.