1 Para Raja 3:6-12 JAV

6 Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun ngatingalaken sih-kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun nglestantunaken sih-kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama, Paduka paringi anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang kalampahan ing dinten punika.

7 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka ingkang njumenengaken abdi Paduka punika dados ratu nggentosi Rama Dawud, rama kawula, sanadyan kawula taksih anem sanget lan dereng gadhah pengalaman.

8 Inggih kados makaten punika abdi Paduka wonten ing satengahing umat Paduka ingkang Paduka pilih, satunggaling umat ingkang ageng, ingkang cacahipun boten kenging kaetang sarta boten kenging kakinten-kinten.

9 Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Paduka kalayan saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?”

10 Panyuwune Sang Prabu Suleman kang kaya mangkono iku tinemu becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

11 Mulane Gusti Allah nuli ngandika marang panjenengane: “Ing sarehne iku kang dadi panyuwunira lan ora nyuwun umur dawa utawa kasugihan apa nyawaning mungsuhira, nanging kalimpadan aweh putusan ing sajroning pangadilan,

12 mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.