25 satemah wong Yehuda lan wong Israel anggone padha manggon kalayan tentrem, siji-sijine manggon ana ing sangisore wit anggur lan wit anjir, wiwit ing Dhan nganti tekan ing Bersyeba ing sasugenge Sang Prabu Suleman.
26 Kajaba saka iku Sang Prabu Suleman kagungan jaran patang ewu gedhogan kanggo kareta-karetane lan rolas ewu prajurit jaranan.
27 Para kepala-dhaerah iku padha rumeksa marang dhahare Sang Prabu Suleman dalah sakabehe wong kang ndherek dhahar ing mejane Sang Prabu Suleman. Anggone ngunjukake ing saben sasi gilirane lan ora ana kang dikurangi.
28 Sair lan dami kanggo jaran-jaran lumrah lan jaran-jaran teji iku padha digawa menyang ing panggonan kang wus katemtokake, manut tanggungane dhewe-dhewe.
29 Sabanjure Gusti Allah paring kawicaksanan lan kalimpadan kang linuwih marang Sang Prabu Suleman, sarta akal budi kang jembare kaya pasisir wedhi ing pinggire sagara,
30 nganti kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngungkuli kawicaksanane sakehe wong wetanan lan ngluwihi sakehe kawicaksanane wong Mesir.
31 Kawicaksanane ngungkuli wong kabeh, ngungkuli Etan, wong ing Ezrahi, ngungkuli Heman, Kalkol lan Darda, anak-anake Mahol, mulane asmane kondhang ana ing antarane sakehing bangsa ing sakubenge.