23 Sawuse mangkono Hiram banjur gawe “segaran” cithakan, kang saka pinggiran kang siji marang sijine sapuluh asta, wangune bunder kepleng, dhuwure limang asta, sarta kang kubenge padha karo tali kang dawane telung puluh asta.
24 Dene ing sangisore lambene ana gambare woh labu kang ngubengi nganti kemput, saben saasta sapuluh nganti satempuke ing “segaran”; labune mau ana rong larik, kacithak iras-irasan kalawan segarane.
25 “Segaran” mau tumumpang ing pepethan sapi rolas, telu marep ngalor, telu marep ngulon, telu marep ngidul lan telu marep ngetan; “segarane” tumumpang ing ndhuwure, dene buntute sapi-sapi iku kabeh padha mayuk manjero.
26 Kandeling “segaran” iku saepek-epek, sarta lambene kawangun kaya lambening tuwung, kaya kembang bakung kang mekar. “Segaran” iku kena diiseni banyu rong ewu bat.
27 Sabanjure digawekake kreta-panuwak saka tembaga sepuluh, saben kreta dawane patang asta, ambane patang asta lan dhuwure telung asta.
28 Wangune kreta-panuwak iku mangkene: ana tutupe blabag kang kagapit ing wengku.
29 Tutup blabag kang kagapit ing wengku iku ana pepethaning singa, sapi lan kerub, samono uga ing wengkune; ing sadhuwure lan ing sangisore singa lan sapi iku ana pepethane gubahan kembang kang gumandhul.