21 sarta nyadhiyakake papan ana ing kana kanggo pethine, kang ngemot prajanjian kang wus kaanakake dening Sang Yehuwah kalawan leluhur kita, nalika padha kairid dening Panjenengane metu saka ing tanah Mesir.”
22 Sang Prabu Suleman banjur jumeneng ana ing ngarepe misbyahe Sang Yehuwah, kaadhep ing sapasamuwane Israel kabeh, sarta ngegarake astane marang ing langit tuwin munjuk:
23 “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
24 Paduka ingkang nglestantunaken janji Paduka dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun netepi kalayan asta Paduka, punapa ingkang sampun Paduka pangandikakaken kalayan lesan Paduka, kadosdene ingkang kalampahan ing dinten punika.
25 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa ngugemi punapa ingkang Paduka janjekaken dhateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula, kalayan pangandika Paduka: Turunira ora bakal punggel ana ing ngarsaningSun lan bakal tetep nglungguhi dhamparing karajan Israel, anggere turun-turunira lestari lumaku ana ing ngarsaningSun, padha kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.
26 Milanipun sapunika, dhuh Gusti Allahipun Israel, mugi ta kayektosana kiyating janji ingkang sampun Paduka pangandikakaken dhumateng abdi Paduka Prabu Dawud, rama kawula.
27 Nanging punapa inggih sayektos Gusti Allah badhe dedalem wonten ing bumi? Saestunipun langit, malah sanadyan langit ingkang wonten ing sanginggilipun langit sadaya, boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.