5 Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajanira tumrap Israel nganti ing salawas-lawase kaya kang wus dakjanjekake marang Dawud, ramanira, kalawan pangandikaningSun: Turunira ora bakal kapethal saka ing dhamparing karajan Israel.
6 Nanging manawa sira lan anak-anakira padha ngungkurake Ingsun lan ora netepi sakehing dhawuh lan katetepaningSun kang wus Sunparingake marang sira, tuwin banjur padha lunga ngabekti marang allah liyane sarta sujud nyembah marang iku,
7 wong Israel bakal Sunsirnakake saka ing tanah kang wus Sunparingake, tuwin padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iku bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun; ing kono Israel bakal dadi pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehe para bangsa.
8 Sabanjure padaleman iki bakal dadi jugrugan, satemah saben wong liwat bakal gumun, singsot sarta celathu: Apa sababe dene Pangeran Yehuwah matrapi kang mangkono iku marang nagara iki lan marang padalemane iki?
9 Ing kono wong bakal celathu: Amarga wong-wong padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus ngirid para leluhure metu saka ing tanah Mesir lan marga saka anggone padha rumaket marang allah liyane tuwin sujud nyembah sarta ngabekti marang iku. Yaiku mulane Pangeran Yehuwah banjur ndhatengake sakehe bilahi iki marang wong-wong iku.”
10 Sawuse rong puluh taun Sang Prabu Suleman anggone yasa padaleman loro mau wus rampung, yaiku padalemaning Yehuwah lan kadhatoning Sang Prabu.
11 Ing sarehne Sang Prabu Hiram, ratu ing Tirus, wus mbiyantu Sang Prabu Suleman kayu eres, kayu beros lan emas, sapira kang dikarsakake, mulane ing nalika iku Sang Prabu Suleman banjur nyaosi marang Sang Prabu Hiram kutha ing tanah Galilea rong puluh.