22 Turune Sang Adipati Yusup iya padha mangsah nempuh Betel lan Sang Yehuwah nunggil karo wong-wong iku.
23 Turune Sang Adipati Yusup padha nglakokake telik menyang ing Betel -- kutha iku maune aran Lus --.
24 Bareng telik mau padha ndeleng wong siji kang metu saka ing kutha, banjur celathu: “Aku tulungana, tuduhna dalane lumebu menyang kutha, nuli kowe bakal dakanggep kaya mitra!”
25 Sawuse dituduhake dalane lumebu menyang kutha, saisining kutha tumuli ditumpes klawan landheping pedhang, nanging wong siji mau dililani lunga sakulawargane.
26 Wong iku banjur menyang ing tanahe bangsa Het, ana ing kono yasa kutha, kang diarani Lus. Mangkono arane kutha iku tetep nganti saprene.
27 Taler Manasye ora nundhungi wong ing Bet-Sean sawewengkone, wong ing Taanakh sawewengkone, wong ing Dhor sawewengkone, wong ing Yibleam sawewengkone tuwin wong ing Megidho sawewengkone, amarga wong Kanaan meksa padha nekad manggon ana ing tanah kono.
28 Bareng wong Israel wiwit kuwasa, wong Kanaan mau padha didadekake wong nyangga karya, nanging ora padha ditundhungi babar pisan.