1 Wong Israel padha ndlarung anggone nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, mulane banjur diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane wong Filisti lawase patang puluh taun.
2 Ing nalika iku ana sawijining wong saka ing Zora, panunggalane gotrahe bani Dhan, jenenge Manoakh, somahe gabug, ora duwe anak.
3 Lan Malaekate Sang Yehuwah nuli ngetingali marang wong wadon mau sarta iku dipangandikani mangkene: “Lah sira iku pancen gabug, ora duwe anak, nanging sira bakal ngandhut sarta duwe anak lanang.
4 Lah saiki, badanmu jaganen, aja ngombe anggur utawa omben-omben kang mendemi lan aja mangan apa-apa kang karam.
5 Amarga kowe bakal ngandhut lan duwe anak lanang; iku sirahe ora kena kagepok ing lading panyukuran, awit bocah iku wiwit ana ing guwa-garbane ibune bakal dadi nazir sengkerane Gusti Allah, sarta bakal miwiti ngluwari Israel saka ing tangane wong Filisti.”
6 Wong wadon mau banjur lumebu sarta kandha marang kang lanang tembunge: “Kala wau wonten abdinipun Gusti Allah manggihi kula, pasemonipun memper malaekatipun Gusti Allah, ngajrih-ajrihi sanget. Kula boten matur pitaken pinangkanipun, saha kula boten dipun paringi sumerep asmanipun.
7 Nanging pangandikanipun dhateng kula: Lah sira bakal ngandhut lan duwe anak lanang; mulane sira aja ngombe anggur utawa sadhengaha kang mendemi lan aja mangan apa-apa kang karam, amarga bocah iku bakal dadi nazir sengkeraning Allah wiwit ana ing guwa-garbane ibune nganti tumeka ing dinaning patine.”
8 Pak Manoakh tumuli nyenyuwun marang Sang Yehuwah unjuke: “Dhuh Pangeran, kawula nyuwun mugi abdinipun Gusti Allah utusan Paduka punika wau manggihana kawula kekalih sarta mulanga dhateng kawula punapa ingkang perlu kawula lampahi tumrap lare ingkang badhe lair punika.”
9 Gusti Allah banjur nyembadani panyuwune Pak Manoakh, dene Malaekate Sang Yehuwah banjur manggihi wong wadon iku maneh, nalika lagi lungguh ana ing pategalan, nanging Pak Manoakh lakine pinuju ora ana ing kono.
10 Ing kono wong wadon iku enggal-enggal lumayu wewarta marang kang lanang mangkene: “Lah priya ingkang manggihi kula kapengker punika ngetingali kula malih.’.
11 pak Manoakh tumuli ngadeg, ngetutake somahe. Bareng wus ketemu karo priya mau, banjur matur: “Punapa Paduka punika ingkang sampun paring pangandika dhateng tiyang estri punika?” Paring wangsulane: “Iya bener.”
12 Pak Manoakh banjur matur: “Benjing manawi pangandika Paduka punika kalampahan, kados pundi mangke caranipun gesang lare punika saha solah tingkahipun?”
13 Paring wangsulane Malaekate Sang Yehuwah marang Pak Manoakh: “Kabeh kang wus Sunpangandikakake marang wong wadon iku, kudu disirik.
14 Aja mangan apa-apa kang asale saka wit anggur; anggur lan samubarang kang mendemi ora kena diombe lan aja mangan sadhengaha kang karam. Apa kang wus kaprentahake marang dheweke iku katetepana kabeh.”
15 Pak Manoakh banjur munjuk marang Malaekate Sang Yehuwah: “Mugi kawula sami kelilana ngaturi kendel dhumateng Paduka wonten ing ngriki, kawula badhe ngolahaken cempe kagem Paduka.”
16 Nanging wangsulane Malaekate Sang Yehuwah marang Pak Manoakh: “Sanadyan Ingsun sira aturi kendel, sesaosanira bakal ora Sundhahar. Dene manawa sira arep olah iku kanggo kurban obaran, iku saosna marang Sang Yehuwah.” Mulane mangkono sabab Manoakh ora sumurup, manawa Panjenengane iku Malaekate Sang Yehuwah.
17 Pak Manoakh tumuli matur marang Malaekate Sang Yehuwah: “Asma Paduka punika sinten, supados kawula sageda ngluhuraken Paduka, manawi pangandika Paduka punika kalampahan.”
18 Nanging Malaekate Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Manoakh: “Yagene sira takon asmaningSun? Asma iku rak elok?”
19 Pak manoakh banjur njupuk cempe karo kurbane dhaharan, disaosake marang Sang Yehuwah katumpangake ing watu. panjenengane tumuli nindakake kaelokan kang kadeleng Manoakh lan somahe.
20 Bareng karo urubing geni kang muluk saka ing misbyah menyang ing langit, Malaekate Sang Yehuwah sumengka menyang ing ngaluhur ana ing sajroning urube geni misbyah mau. Bareng Pak Manoakh lan somahe padha ndeleng kang mangkono iku, nuli padha sumungkem raine konjem ing bumi.
21 Wiwit ing wektu iku Malaekate Sang Yehuwah wus ora ngatingal maneh marang Pak Manoakh lan somahe. Ing kono Pak Manoakh mangreti yen iku Sang Malaekate Pangeran Yehuwah,
22 Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”
23 Nanging somahe mangsuli: “Saupami sang Yehuwah karsa ngganjar pejah dhateng kita,mesthi boten ngantos nampeni kurban obaran saha kurban dhaharan saking tangan kita, sarta kita boten dipun tedahi punika wau sadaya, saha boten dipun pirengi ingkang kados makaten ing wekdal sapunika.”
24 Sawuse mangkono wong wadon mau nglairake anak lanang, kang dijenengake: Simson. Bocahe mundhak-mundhak gedhene lan diberkahi dening Sang Yehuwah.
25 Atine tumuli wiwit diobahake dening Rohe Sang Yehuwah ana ing Mahane-Dhan kang dumunung ing antarane Zora lan Esytaol.