1 Nanging wong Israel padha nglakoni kang ala maneh mungguh ing paningale Sang Yehuwah, mulane diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane wong Midian lawase pitung taun.
2 Lan salawase iku wong Midian ngereh wong Israel. Awit saka wedine marang wong Midian, wong Israel padha gawe papan-papan pandhelikan ana ing pagunungan, yaiku guwa-guwa lan beteng-beteng.
3 Saben wong Israel rampung anggone nyebar, wong Midian, wong Amalek sarta wong ing tanah wetan padha teka nglurugi.
4 Padha ngedegake kemah ana ing tanah kono lan padha ngrusak pametuning bumine, nganti tutug ing sacedhake Gaza, lan padha ora ngarekake pangan ana ing Israel, wedhus gembel, sapi lan kuldi iya ora.
5 Ujer pangluruge iku klawan padha nggawa pepanthane kewane lan kemahe, tekane kaya walang kekrompolan kehe, wong-wonge dalah untane nganti padha ora kena winilang. Tekane ing tanah kono pancen sumedya arep ngrusak,
6 temahan Israel banget nandhang kemlaratan, marga saka panggawene wong Midian mau. Wong Israel tumuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah.
7 Bareng wong Israel padha sesambat marang Sang Yehuwah, marga saka wong Midian mau,
8 Sang Yehuwah tumuli ngutus sawijining nabi nemoni wong Israel, sarta iku padha didhawuhi: “Pangandikane Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Ingsun wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, padha Sunirid metu saka ing tanah pangawulan,
9 Sunluwari saka tangane wong Mesir lan saka ing tangane sakehing wong kang padha nindhes sira, wong-wong iku wus padha Suntundhungi saka ing ngarepira sarta nagarane Sunparingake marang sira.
10 Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.”
11 Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli rawuh lenggah ana ing sangisore wit elon ing Ofra, duweke Yoas bin Abiezer, dene anake lanang kang jeneng Gidheon lagi nutu gandum ana ing pamipitan anggur, murih aja konangan wong Midian.
12 Banjur diketingali dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah mau sarta didhawuhi: “He prawira gagah prakosa, Sang Yehuwah nunggil karo sira.”
13 Atur wangsulane Gidheon: “Adhuh Gusti, manawi saestu Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan kawula sadaya, punapaa dene kawula ngantos sami nandhang ingkang kados makaten punika sadaya? Pundi ta sakathahipun kaelokan ingkang dipun cariyosaken para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya, kala cariyos: Apa dudu sang Yehuwah kang wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir? Nanging sapunika Pangeran Yehuwah sampun negakaken dhateng kawula, sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Midian.”
14 Sang Yehuwah tumuli mengo mirsani marang Gidheon lan ngandika: “Sira mangkata kanthi karosanira iki sarta ngluwarana wong Israel saka ing pamisesane wong Midian. Rak Ingsun kang ngutus sira?”
15 Nanging atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Adhuh Gusti, srana punapa anggen kawula badhe ngluwari tiyang Israel? Lah ta gotrah kawula punika kalebet ingkang alit piyambak saking panunggilanipun taler Manasye, sarta kawula punika sasedherek ingkang anem piyambak.”
16 Dhawuhe Sang Yehuwah marang Gidheon: “Nanging Ingsun iki bakal nunggil karo sira, mulane sira bakal nggepuk ngesorake wong Midian, nganti tapis.”
17 Atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Manawi kawula sampun manggih sih kamirahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa paring pratandha, bilih Paduka piyambak ingkang ndhawuhi kawula.
18 Paduka mugi sampun ngantos tindak saking ngriki saderengipun kawula wangsul sowan mbekta pisungsung kawula saking griya sarta kawula ladosaken wonten ing ngarsa Paduka.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Iya, Ingsun bakal ngentosi nganti ing sabalinira.”
19 Gidheon banjur lumebu ing omahe sarta ngolah cempe siji, lan njupuk glepung sa-efa kanggo gawe roti tanpa ragi; iwake diwadhahi ing tenong lan duduhe diwadhahi ing pinggan digawa metu konjuk marang Panjenengane ana ing sangisore wit elon mau, diladosake ana ing ngarsane.
20 Sang Malaekating Allah banjur ngandika marang Gidheon: “Iwake lan rotine kang tanpa ragi iku selehna ana ing watu kene, lan duduhe esokna!” Iku iya tumuli katindakake.
21 Sang Malaekate Pangeran Yehuwah banjur ngayatake lantaran kang ana ing astane, pucuke didemokake ing iwak lan roti mau, tumuli ana geni mubal saka ing watu iku kang banjur mangsa daging lan roti mau nganti entek. Sawuse mangkono Sang Malaekate Pangeran Yehuwah musna saka ing pandelenge.
22 Ing kono Gidheon mangreti, yen iku mau Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, sarta banjur munjuk: “Adhuh, cilaka kawula, dhuh Pangeran Yehuwah, amargi kawula kok ngantos ningali aben-ajeng kaliyan Sang Malaekatipun Pangeran Yehuwah.”
23 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Gidheon: “Tentrem rahayu anaa ing sira. Aja kuwatir, sira ora bakal mati.”
24 Gidheon tumuli gawe misbyah ana ing kono sumaos marang Sang Yehuwah lan iku diwenehi jeneng: Sang Yehuwah iku karahayon. Misbyah iku isih ana nganti saprene ana ing Ofra, kuthane wong Abiezer.
25 Ing bengi iku uga Sang Yehuwah dhawuh marang Gidheon: “Sira njupuka sapi lanang enom siji duweke bapakira, yaiku sapine lanang kang angka loro kang umur pitung taun, nuli misbyahe bapakira kang kanggo Baal iku bubrahen, lan saka brahala kang ana ing sandhinge iku rubuhna!
26 Sawise mangkono sira banjur ngedegna misbyah kagem Sang Yehuwah Gusti Allahira, ana ing dhuwur beteng iki, tinataa kang prayoga, nuli sapi lanang kang angka loro iku mau gawanen sarta aturna minangka kurban obaran nganggo kayu sakaning brahala kang bakal sira rubuhake iku.”
27 Gidheon tumuli nggawa bature sapuluh lan nindakake apa kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah mau. Nanging sarehne ora wani nglakoni ing wayah awan, awit wedi karo kulawangsane lan wong-wong ing kutha kono, mulane anggone nindakake ing wayah bengi.
28 Bareng wong ing kutha kono esuk umun-umun padha tangi, misbyahe Baal katon wus kabubrah apadene sakaning brahala kang ana ing sandhinge wus karubuhake, sarta sapine lanang kang angka loro wus kakurbanake ana ing misbyah kang mentas kaedegake.
29 Wong-wong mau banjur padha sapocapan: “Sapa ta kang tumindak mangkono iku?” Bareng dititipriksa lan ditakok-takokake, nuli ana kang kandha: “Gidheon bin Yoas, iku kang tumindak mangkono!”
30 Wong ing kutha kono tumuli padha kandha-kandha marang Yoas: “Anakmu gawanen metu arep dakpateni, awit wus mbubrah misbyahe Baal lan ngrubuhake saka brahala kang ana ing sandhinge.”
31 Nanging Yoas mangsuli marang sakehe wong kang padha ngrubung iku: “Apa kowe padha perang mbelani Baal? Utawa apa kowe arep ngrewangi dheweke? Sapa kang mbelani Baal iku bakal dipateni sadurunge esuk. Manawa Baal iku allah, kareban mbelani awake dhewe, amarga misbyahe dirubuhake.”
32 Mulane ing dina iku Gidheon diparabi Yerubaal, amarga pangucape wong: “Kareben Baal perang karo dheweke, amarga misbyahe dirubuhake.”
33 Kacarita sakehe wong Midian lan wong Amalek apadene wong ing sisih wetan wus padha nglumpuk, kabeh wus padha nyabrang lan ngedegake tarub ana ing lebak Yizreel.
34 Ing nalika samana Gidheon kalimputan ing Rohe Sang Yehuwah; nuli Gidheon ngunekake kalasangka, wong bani Abiezer padha kaklumpukake padha dikon ngetut buri lakune.
35 Apamaneh uga banjur nyebar kongkonan menyang ing satlatahe suku Manasye kabeh, wonge padha kaklumpukake lan dikon ngetut buri. Apadene uga banjur nyebar kongkonan menyang suku Asyer, Zebulon tuwin Naftali, lan wong-wong iku iya padha ngumpul manunggal karo wong-wong mau.
36 Gidheon tumuli munjuk marang Gusti Allah: “Manawi Paduka badhe ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula, kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken,
37 mugi kawula keparenga nyelehaken guntingan wulu menda wonten ing panuton; manawi namung wulunipun kemawon ingkang kebunan, sarta siti ngriku garing sadaya, ing ngriku kawula mangretos, bilih Paduka karsa ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken.”
38 Lan iku iya kelakon kaya mangkono, sabab ing dina esuke bareng Gidheon tangi ing wayah umun-umun sarta guntingan wulu mau diepuh, anggone meres ebun ing guntingan mau, oleh banyu samangkok kebak.
39 Gidheon tumuli matur marang Gusti Allah: “Mugi sampun ngantos mulad-mulad bebendu Paduka dhateng kawula, manawi kawula taksih munjuk sapisan malih, namung sapisan punika kemawon: Kawula mugi kalilanana ngawontenaken coben-coben srana guntingan wulu punika, namung sapisan punika malih: sapunika mugi namunga guntingan wulu kemawon ingkang garing, dene ing siti sadaya wontena ebunipun.”
40 Anadene Gusti Allah iya nindakake kang kaya mangkono ing wayah bengi iku, sabab mung guntingan wulu thok kang garing, dene lemahe kabeh padha kebunan.