1 Ing dina iku Ibu Dhebora lan Sang Barak bin Abinoam padha ngidung mangkene:
2 Amarga para prawira ing Israel padha samekta ing perang,lan marga bangsa iku padha nyadhangake badane kalawan sukarilaSang Yehuwah pinujia!
3 Dhuh para ratu, mugi sami miyarsakna!Dhuh para pangageng, mugi sami nilingna!Manawi kawula, kawula badhe ngidung konjuk ing ngarsanipun Sang Yehuwah,lan ngidungaken masmur kagem Sang Yehuwah,Gusti Allahipun Israel.
4 Dhuh Yehuwah, nalika Paduka tindak saking kitha Seir,lan Paduka tindak mangsah saking tlatahipun bangsa Edom,bumi lajeng gonjang-ganjing, langit inggih nunten ngedalaken toyamendhung ugi sami netesaken toyanipun.
5 Redi-redi -- inggih punika Sinai -- sami horeg wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah,Gusti Allahipun Israel.
6 Kala jamanipun Samgar bin Anat,lan jamanipun Ibu yael kafilah sampun boten wonten malih,sarta tiyang ingkang sami andon lampah,kepeksa medal margi ingkang menggak-menggok.
7 Para wong kang manggon ana ing padesan ing tanah Israel padha meneng bae, iya padha meneng,nganti tumekane kowe madeg, Dhebora,dadi ibu ana ing Israel.
8 Nalika wong padha milih allah anyar,banjur tuwuh perang ing ngareping gapura,lan tameng utawa tumbakora katon ana ing tengahe wong patang puluh ewu ing Israel.
9 Atiku kakenan marang para senapatine Israelmarang para kang padha cumadhang klawan sukarila ing antarane bangsa iki.Sang Yehuwah pinujia!
10 Kowe, kang padha nunggang kuldi wadon putih,kang padha lungguh ana ing babud,kang padha lumaku ana ing dedalan, wartakna prakara iku!
11 Ing papan-papan pangangson, manut swaraning wong kang padha kekidungan,ing kono wong ngidungake pakaryane Sang Yehuwah kang adil,pakaryane kang adil tumrap wong padesan ing Israel.Ing nalika iku umate Sang Yehuwah padha mudhun menyang gapura.
12 Tangia, tangia, Dhebora!Tangia, tangia ngrepekna kekidungan!He Barak, ngadega lan para tawananmu padha giringen!He anake Abinoam!
13 Tumuli para wong luhur kang bisa oncat padha mudhun,umate Sang Yehuwah padha mudhun dadi prawira kagem Panjenengane.
14 Saka taler Efraim wong-wong kang manggon ing Amalek, padha mudhun menyang ing lebak,padha ngetutake kowe, heh, taler Benyamin klawan wadya-balamu.Saka suku Makhir kang tumurun para tetindhihing perang,lan saka taler Zebulon wong-wong kang padha nggawa teken kang kagawe nglumpukake wong.
15 Para pangareping taler Isakhar uga padha mbarengi Ibu Dhebora,lan kayadene Isakhar mangkono uga Naftali iya mbarengi Barak.Padha nututi dheweke lan nempuh lumebu ing lebak.Nanging wadya-balane taler Ruben akeh kang padha gojag-gajeg.
16 Kena apa dene kowe kok padha thenguk-thenguk ana ing tengahing kandhang-kandhang.kambi ngrungokake suling kang kanggo ngundangi pepanthan?Saka wadya-balane taler Rubenakeh kang mbobot-timbang!
17 Wong Gilead padha ayem bae ana ing sabrange bengawan Yarden,dene taler Dhan, kena apa kok padha nunggoni prau-prau?Taler Asyer thenguk-thenguk ana ing pinggiring sagara,meneng bae ana ing teluk-teluke.
18 Nanging taler Zebulon iku bangsa kang wani ngetohake nyawane,mangkono uga taler Naftali, ing tetengger ing ara-ara.
19 Para ratu padha nglurug lan nempuh perang,ing wektu iku para ratu ing Kanaan padha perang,ana ing sacedhake Taanakh ing sumbering kali Megidho,nanging padha ora oleh jarahan selaka.
20 Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang,padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.
21 Kali Kison ngentirake mungsuh,Kison, kali kang kesuwur wiwit kuna-makuna,-- He nyawaku, mangsaha klawan sarosamu! --
22 Ing wektu iku tracake jaran padha pating kethoplak,amarga playuning jaran-jarane sesanderan.
23 “Kutha Meros kaipat-ipatana!”,mangkono pangandikane Sang Malaekate Yehuwah,“para wong kang manggon ing kono kenaa ing laknat saenteke,amarga padha ora teka mbiyantu Pangeran Yehuwah,mbiyantu Pangeran Yehuwah pindha prawira.”
24 Binerkahana Ibu Yael garwane Sang Heber bangsa Keni iku, ngluwihi para wanita liyane,panjenengane binerkahana ngluwihi para pawestri ing jero kemah.
25 Kang dipundhut priyagung iku banyu, nanging puwan kang dicaosake,kang kasegahake kanil puwan ana ing mangkok kang adi.
26 Astane mulung mendhet pathok,astane tengen mendhet paluning tukang.Sang Sisera dipalu, mustakane karemuk,pilingane karemuk dipantek nganti tembus.
27 Wong agung iku ambruk ing sandhing sampeyane, seda ngglethak,ambruk seda ing sandhing sampeyane,ing panggonane ambruk iya ana kono iku anggone tiwas, disirnakake.
28 Ibune Sisera ngungak-ungak saka ing cendhela,lan nguwuh-uwuh saka ing saburining pancak suji:“Yagene karetane perang ora teka-teka,yagene; swaraning karetane durung keprungu?”
29 Abdi estri kang pinter dhewe ing antarane para abdi, mangsulisarta panjenengane iya mangsuli piyambak mangkene:
30 “Rak lagi padha oleh jarahan lan didum-dumake,prawan siji utawa loro kanggo saben wong,jarahan sandhangan manca-warna salembar rong lembar kanggo Sisera,jarahan sandhangan songketan manca-warna salembar rong lembar kanggo guluku?”
31 Kados makaten anggenipun sakathahing mengsah Paduka, badhe sirna, dhuh Yehuwah!Nanging wong kang nresnani Panjenengane iku pindha surya kang mlethek kalawan kamulyane.Nagara kono tumuli tentrem patang puluh taun lawase.