Para Hakim 15 JAV

Sang Simson nglawan wong Filisti

15:1-20

1 Sawuse sawatara dina nalika mangsane panen gandum, Sang Simson nuweni garwane klawan ngasta oleh-oleh cempe, pangandikane: “Kula badhe manggihi semah kula wonten ing kamaripun.” Nanging ramane garwane ora nglilani lumebet.

2 Pangandikane ramane mau: “Aku ngira, yen saliramu mesthi sengit banget marang dheweke, mulane dakwenehake marang kancamu. Adhine rak luwih ayu katimbang karo dheweke, mbok iku bae pundhuten dadi lirune.”

3 Sang Simson banjur ngandika marang wong ing kono: “Sapisan iki aku ora bisa diluputake dening wong Filisti, yen aku nandukake piala marang wong-wong iku.”

4 Sang Simson tumuli tindak nyepeng asu wawar telung atus, buntute banjur padha diganthetake loro-loro lan saben buntut loro dietrapi obor ana ing tengahe.

5 Obore tumuli padha disuledi sarta asune wawar banjur padha digetak menyang pagandumane wong Filisti kang durung dieneni, dalasan pakebonane jaitun.

6 Wong Filisti banjur padha ngucap: “Sapa ta kang nindakake iku?” Tumuli ana kang sumaur: “Iku Simson, mantune wong Timna, amarga bojone direbut diwenehake marang kancane.” Wong Filisti tumuli padha teka sarta wong wadon mau diobong dalasan bapakne.

7 Ing kono pangandikane Sang Simson marang wong mau: “Yen kowe padha duwe pokal kaya mangkono, lah aku iki bakal ora leren-leren sadurunge malesake awakku sakayange marang kowe.”

8 Wong mau balung-balunge tumuli padha digepuki sakayange. Panjenengane tumuli tindak sarta manggen ana ing guwa parang ing gunung Etam.

9 Bangsa Filisti banjur padha nglurug sarta makuwon ana ing tanah Yehuda lan sumebar tekan ing Lekhi.

10 Wong Yehuda padha ngucap: “Yagene kowe padha nglurugi aku?” Wangsulane wong Filisti: “Aku padha nglurug arep mbanda Simson lan bakal nindakake padha kaya kang ditandukake marang aku kabeh.”

11 Banjur ana wong Yehuda telung ewu padha marani guwa parang ing Etam sarta matur marang Sang Simson: “Panjenengan punapa boten pirsa, bilih tiyang Filisti punika sami ngereh kula? Punapaa dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula sadaya?” Wangsulane Sang Simson marang wong mau: “Panggaweku marang dheweke iku padha uga karo kang dadi panggawene marang aku.”

12 Ature wong Yehuda marang Sang Simson: “Dhateng kula mriki punika badhe mbesta panjenengan, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun tiyang Filisti.” Pangandikane Sang Simson marang wong iku: “Kowe padha sumpaha marang aku yen kowe dhewe bakal ora ngrubut aku.”

13 Wong mau tumuli padha matur marang hakim Simson, pangucape: “Boten, namung badhe kula besta kemawon, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun, nanging boten kula pejahi.” Sang Simson banjur dibesta klawan dhadhung anyar loro sarta didhabyang metu sakal ing parang.

14 Satekane ing Lekhi banjur dipapag dening wong Filisti klawan disuraki. Sang Simson katedhakan ing Rohe Sang yehuwah, temah dhadhung kang ana ing baune dadi prasasat gagang rami kang kobong kena ing geni, sarta bebandane padha lebur udhar saka ing astane.

15 Lan panjenengane manggih balung uwanging kuldi kang anyar, banjur mulung astane balunge dipundhut lan kagawe nempuh wong sewu nganti padha mati.

16 Sang Simson ngandika:“Klawan uwanging kuldi bangsa kuldi iku dakajar,klawan uwanging kuldi wong sewu dakgecak.”

17 Sawuse ngandika mangkono balung uwang mau dibucal. Panggonan ing kono banjur karan Ramat Lekhi.

18 Nalika Sang Simson kasatan banget, sesambat marang Sang Yehuwah: “Paduka sampun paring pangluwaran ageng makaten lantaran tanganipun abdi Paduka, ing sapunika punapa kawula badhe pejah kasatan, sarta dhumawah ing tanganipun tiyang boten tetak punika?”

19 Gusti Allah tumuli mbengkah gampeng kang ana ing Lekhi lan iku banjur metu banyune. Sang Simson tumuli ngunjuk, temah pulih dadi kiyat maneh lan seger sarirane. Mulane sendhang iku karan Sendhang Pesambat, kang isih ana ing Lekhi tumeka saprene.

20 Sang Simson anggone ngakimi bangsa Israel nalika kajajah wong Filisti lawase rong puluh taun.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21