1 Iki pratelane bangsa-bangsa kang dilestarekake manggon dening sang Yehuwah prelu diagem nyoba marang Israel, yaiku sakehe wong Israel kang padha ora sumurup marang perang ing tanah Kanaan.
2 Iku mung supaya turune wong Israel kang durung tau ngalami perang kaya kang uwis-uwis, padha dilatih perang dening Sang Yehuwah.
3 Kang isih yaiku ratu kutha lelima ing tanah Filisti lan sakehe wong Kanaan, wong Sidon tuwin wong Hewi kang padha ngenggoni pagunungan Libanon, wiwit ing gunung Baal-Hermon tutug ing dalan kang menyang ing Hamat.
4 Iku kang padha ana ing kono, prelu diagem dening Panjenengane kagem nyoba marang wong Israel, apa padha ngestokake pepakene Sang Yehuwah kang wus didhawuhake marang para leluhure lumantar Nabi Musa.
5 Kaya mangkono dadine wong Israel padha manggon awor karo bangsa Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.
6 Wong Israel padha ngalap anake wadon dadi bojone lan anake wadon padha diolehake karo anake lanang wong-wong iku, sarta padha ngabekti marang para allahe wong-wong iku.
7 Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.
8 Bebendune Sang Yehuwah temah mulad-mulad marang wong Israel, wong-wong iku banjur dipasrahake marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram-Mesopotamia, tuwin wong Israel nuli padha ngawula marang Sang Prabu Kusyan-Risyataim mau wolung taun lawase.
9 Wong Israel nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli maringi juru pangluwaran, yaiku Sang Otniel, putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb.
10 Iku kaayoman ing Rohe Sang Yehuwah sarta dadi hakime wong Israel. Panjenengane majeng perang, Sang Yehuwah nuli ngulungake Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram mau ing astane, temah Sang Prabu Kusyan-Risyataim kawon.
11 Nagara kono tumuli tentrem, lawase patang puluh taun. Wasana Sang Otniel putrane Sang Kenas banjur seda.
12 Nanging wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala maneh ana ing paningale Sang Yehuwah; tumuli Sang Prabu Eglon, ratu ing Moab diparingi pangwasa dening Sang Yehuwah ngereh wong Israel, amarga bangsa iku padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.
13 Prabu Eglon mau asekuthon karo bani Amon lan bani Amalek. Banjur nglurug lan ngawonake wong Israel. Kutha Wit Kurma dibroki.
14 Wong Israel dadine padha ngawula marang Prabu Eglon, ratu ing Moab, lawase wolulas taun.
15 Wong Israel tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah; Sang Yehuwah banjur maringi juru pangluwaran yaiku Sang Ehud, bin Gera, wong Benyamin, iku kedhe. Sang Ehud iku kang adate dadi utusane Israel ngaturake bulubekti marang Prabu Eglon, ratu ing Moab.
16 Sang Ehud tumuli damel golok kang landhep kiwa-tengen, dawane watara meh saasta, banjur disengkelit ing sangisore pangagemane ing cethike tengen.
17 Sawuse mangkono nuli nyaosake bulubekti marang Prabu Eglon, ratu ing Moab. Dene Sang Prabu Eglon mau lema banget sarirane.
18 Bareng Sang Ehud wus rampung anggone nyaosake bulubekti mau, para utusan banjur padha dililani mundur,
19 nanging Sang Ehud piyambak kendel ing panggonan watu-watu kang tinatah, ing sacedhake Gilgal, tumuli bali sowan sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, dalem mbekta aturpiweling ingkang winados kagem panjenengan dalem.” Sang Prabu banjur dhawuh: “Menenga dhisik!” Kang padha seba tumuli metu kabeh.
20 Sang Ehud tumuli sowan mlebu; nalika iku Sang Prabu pinuju piyambakan ana ing panggungan ing dalem pangisisan kang kagem ing sarirane piyambak. Sang Ehud tumuli munjuk: “Kawula badhe nglantaraken dhawuhipun Gusti Allah dhumateng panjenengan dalem.” Sang Prabu Eglon tumuli jumeneng saka ing palenggahane.
21 Sang Ehud tumuli gumrageh, astane kiwa mundhut goloke saka ing cethike tengen, disudukake ing padharane Prabu Eglon,
22 nganti wilah sagarane klebu. Gajihe nutupi wilahe, amarga goloke ora didudut saka ing padharane. Sang Ehud banjur medal langkung ing kori pungkuran.
23 Kalawan mangkono Sang Ehud tumuli rawuh ing pandhapa; bareng wis medal lawanging panggungan diinebake lan dikancing.
24 Lagi bae Sang Ehud medal, abdine Sang Prabu nuli padha teka arep ndeleng, nanging lawanging panggungan tinemu kancingan, dadi padha ngira: “Mesthine Gusti lagi turas ana ing dalem pangisisan.”
25 Banjur padha ngenteni, nganti judheg pikire, nanging Sang Prabu ora mbikak kori panggungan, mulane padha njupuk kunci, lawange diwengakake, lah gustine tinemu wus seda, gumuling ana ing jogan.
26 Sasuwene wong mau padha ngenten-enteni mau, Sang Ehud wus oncat, wus langkung ing panggonan watu-watu kang tinatah mau lan banjur nggeblas menyang ing Seira.
27 Bareng rawuh ing kono, banjur ngungelake kalasangka ana ing pagunungan Efraim, sarta wong Israel padha ndherek nglurug, mudhun saka ing pagunungan lan panjenengane piyambak ana ing ngarep.
28 Pangandikane Sang Ehud marang wong-wong mau: “Padha melua aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake mungsuhmu, wong Moab iku marang ing tanganmu.” Wong-wong mau tumuli padha ndherek nglurug sarta padha bisa ngrebut pasabrangane bengawan Yarden, kang menyang ing tanah Moab, tuwin banjur nyegat aja ana wong kang nyabrang.
29 Ing nalika samana wong Moab kang padha dipateni watara wong sapuluh ewu, kabeh padha wong gagah prakosa lan cukat, ora ana kang bisa oncat siji-sijia.
30 Kaya mangkono bangsa Moab ing dina iku anggone padha katelukake dening Israel, temah tanahe banjur tentrem lawase wolung puluh taun.
31 Sawuse panjenengane, Sang Samgar bin Anat kang jumeneng, kang banjur niwasake wong Filisti kehe nem atus kalawan ngagem angkusing sapi. Mangkono anggone Sang Samgar uga ngluwari wong Israel.