3 Mulane Sang Yefta banjur kesah saka ing antarane para sadhereke, sarta manggen ana ing tanah Tob; ana ing kana Sang Yefta kempal karo para wong glandhangan kang padha ngrampog bareng karo panjenengane.
4 Ora antara lawas wong bani Amon padha nglurugi perang nglawan wong Israel.
5 Lan nalika bani Amon nglurugi perang nglawan wong Israel, para panggedhening wong Gilead banjur padha methuk Sang Yefta saka ing tanah Tob.
6 Ature marang Sang Yefta: “Sumangga panjenengan kula aturi dados tetindhih kula nglawan perangipun tiyang bani Amon.”
7 Nanging Sang Yefta mangsuli marang para tuwa-tuwane wong ing Gilead: “Panjenengan rak sami sengit dhateng kula, saha kula panjenengan tundhung saking griyanipun kulawarga kula? Punapaaa dene sareng sapunika nandhang karibedan, panjenengan kok murugi kula?”
8 Para tuwa-tuwaning wong Gilead banjur matur marang sang Yefta: “Pancen, dhateng kula punika sami murugi panjenengan, karsaa tumut kula sami mangsah perang nglawan tiyang bani Amon, panjenengan badhe kula dadosaken pangageng kula, tiyang ing tanah Gilead sedaya.”
9 Wangsulane Sang Yefta marang para tetuwane wong Gilead: “Dados, manawi kula panjenengan bekta wangsul kapurih nglawan perangipun tiyang bani Amon, lan Pangeran Yehuwah ngulungaken mengsah punika ing tangan kula, kula ingkang badhe panjenengan dadosaken pangageng panjenengan?”