37 Sarta maneh ature marang kang rama: “Kula mugi kelilana nglampahi saprakawis punika: mugi panjenengan paringi inah kalih wulan, supados kula sageda kesah dhateng pareden kaliyan mitra-mitra kula estri prelu badhe nangisi anggen kula dados prawan.”
38 Wangsulane Sang Yefta: “Iya mangkata!” Banjur diparingi inah rong sasi; kang putra tumuli tindak karo mitra-mitrane wadon menyang ing pagunungan muwuni anggone dadi prawan.
39 Sawuse rong sasi banjur kondur menyang ing daleme kang rama, dene kang rama tumuli ngluwari nadare kang wus dilairake tumrap kang putra mau; kang putra mau dadine ora nglakoni krama. Lan iku dadi adat ing Israel:
40 Para prawan ing Israel saben taun padha lunga nangisi putrane Sang Yefta, wong Gilead, lawase patang dina sajroning sataun.