17 Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.
18 Bareng ing pitung dinane, sadurunge srengenge surup, wong ing nagara kono banjur matur marang Sang Simson:“Punapa ingkang leginipun ngungkuli madu?Punapa ingkang rosanipun ngungkuli singa?”Pangandikane Sang Simson marang wong-wong mau:“Yen anggonmu mluku ora nganggo sapiku wadon,mesthi kowe ora bisa mbatang cangkrimanku.”
19 Sang Simson tumuli katedhakan ing Rohe Yehuwah, banjur tindak menyang ing Askelon sarta mateni panunggalane wong telung puluh, padha didhedheli panganggone lan sandhangane pameran iku diwenehake marang wong kang padha bisa mbatang cangkrimane. Nanging dukane isih mulad-mulad, tumuli kondur menyang ing daleme kang rama.
20 Dene garwane Sang Simson iku digathukake karo kancane, tilas pengiringe.