Para Hakim 15:8-14 JAV

8 Wong mau balung-balunge tumuli padha digepuki sakayange. Panjenengane tumuli tindak sarta manggen ana ing guwa parang ing gunung Etam.

9 Bangsa Filisti banjur padha nglurug sarta makuwon ana ing tanah Yehuda lan sumebar tekan ing Lekhi.

10 Wong Yehuda padha ngucap: “Yagene kowe padha nglurugi aku?” Wangsulane wong Filisti: “Aku padha nglurug arep mbanda Simson lan bakal nindakake padha kaya kang ditandukake marang aku kabeh.”

11 Banjur ana wong Yehuda telung ewu padha marani guwa parang ing Etam sarta matur marang Sang Simson: “Panjenengan punapa boten pirsa, bilih tiyang Filisti punika sami ngereh kula? Punapaa dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula sadaya?” Wangsulane Sang Simson marang wong mau: “Panggaweku marang dheweke iku padha uga karo kang dadi panggawene marang aku.”

12 Ature wong Yehuda marang Sang Simson: “Dhateng kula mriki punika badhe mbesta panjenengan, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun tiyang Filisti.” Pangandikane Sang Simson marang wong iku: “Kowe padha sumpaha marang aku yen kowe dhewe bakal ora ngrubut aku.”

13 Wong mau tumuli padha matur marang hakim Simson, pangucape: “Boten, namung badhe kula besta kemawon, lajeng kula ulungaken dhateng tanganipun, nanging boten kula pejahi.” Sang Simson banjur dibesta klawan dhadhung anyar loro sarta didhabyang metu sakal ing parang.

14 Satekane ing Lekhi banjur dipapag dening wong Filisti klawan disuraki. Sang Simson katedhakan ing Rohe Sang yehuwah, temah dhadhung kang ana ing baune dadi prasasat gagang rami kang kobong kena ing geni, sarta bebandane padha lebur udhar saka ing astane.