Para Hakim 16:12-18 JAV

12 Dhelila tumuli njupuk dhadhung anyar digawe mbesta Sang Simson lan banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” -- ing kamar ana wong kang samekta -- nanging dhadhunge padha dipedhot kaya lawe bae kang udhar saka ing astane.

13 Dhelila tumuli matur marang Sang Simson: “Ngantos dumugi sapunika panjenengan punika damel gegujengan dhateng kula, panjenengan apusi kemawon. Bok inggih kula panjenengan blakani ta ingkang kenging kangge mbesta panjenengan punika punapa?” Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa klabangane rambutku pitu iku padha kokubetake oleh lungsening tenunan lan koksantosani nganggo pantek, mesthi aku dadi apes lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

14 Remane Sang Simson nuli diubetake karo panteke, banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson banjur wungu saka anggone sare sarta nyendhal panteke dalah lungsening tenunane.

15 Ature Dhelila marang Sang Simson: “Kadospundi ta dene panjenengan kok ngandika: Aku tresna marang kowe, nanging nyatanipun panjenengan boten rumaket dhateng kula? Sapunika sampun kaping tiga kula panjenengan damel gegujengan, boten panjenengan blakani punapa ingkang murugaken karosan panjenengan ngedab-edabi punika.”

16 Wasana bareng sadina-dina dipetel-petelake lan digubel dening Dhelila, temah ora bisa ngampah panggalihe maneh, lan rumaos kaya pecat-pecata nyawane.

17 Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

18 Bareng Dhelila ngreti, yen Sang Simson wus nglairake isining panggalihe kabeh marang dheweke, banjur kongkonan ngaturi para panggedhening wong Filisti, kanthi matur mangkene: “Sapisan punika sumangga panjenengan sami kula aturi rawuh, amargi Simson sampun nglairaken isining manahipun sadaya dhateng kula.” Para panggedhening wong Filisti tumuli ngrawuhi Dhelila klawan ngasta dhuwite.