19 Dhelila banjur ngarih-arih Simson sare ana ing pangkone sarta nuli nekakake wong kang dikon marasi remane klabangan pitu pisan, temah Sang Simson banjur wiwit kena kawasesa dening wong wadon mau, amarga wus koncatan ing karosane.
20 Dhelila tumuli nguwuh-uwuh: “Kangmas Simson, tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan!” Sang Simson wungu saka anggone sare banjur ngandika: “Aku iki bakal bisa uwal maneh kaya sing uwis-uwis lan bakal mbedhal.” Nanging ora rumaos, yen wus katilar dening Sang Yehuwah.
21 Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.
22 Nanging remane, sawuse kaparas, nuli wiwit thukul maneh.
23 Sawuse iku para panggedhene wong Filisti padha nglempak arep nyajekake kurban sembelehan gedhe marang Dagon, allahe sarta sukan-sukan, pangandikane:“Allah kita wis ngulungake mungsuh kitaSimson marang ing tangan kita.”
24 Sarta maneh bareng wong akeh ndeleng Simson, banjur padha memuji marang allahe, klawan padha ngucap:“Mungsuh kitakang ngrusak tanah kita,lan gawe patine kanca akehwis diulungake dening allah kitamarang ing tangan kita.”
25 Nalika lagi padha seneng-seneng mangkono iku, banjur padha celathu: “Si Simson undangen, cikben gawe seneng kita!” Sang Simson banjur diwedalake saka ing pakunjaran, lan digawe geguyon ana ing ngarepe wong-wong mau, nuli diaturi jumeneng ana ing antarane saka-saka.