26 Sang Simson tumuli ngandika marang bocah kang nuntun astane: “Aku eculna sedhela, kareben aku ngemek-ngemek saka-saka guruning omah iki, supaya aku bisa sendhenan!”
27 Anadene gedhung iku kebak wong lanang lan wadon, dalah sakehing panggedhene wong Filisti uga ana ing kono, sarta ing payon ana wonge lanang lan wadon watara telung ewu, padha nonton anggone Simson kagawe geguyon.
28 Sang Simson banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti kawula, saha kawula mugi Paduka kiyataken namung sepisan punika kemawon, dhuh Gusti Allah, supados kawula sageda nandukaken piwales dhateng tiyang Filisti, jalaran saking icalipun mripat kawula kalih punika.”
29 Sang Simson tumuli ngrangkul saka-guru loro kang ana ing tengah dhewe kang kanggo nyangga omah iku, kang siji karo astane tengen lan sijine karo astane kiwa.
30 Pangandikane Sang Simson: “Pecata nyawaku bareng karo wong Filisti iki!” Banjur tumelung klawan ngetog karosane, temahan omahe ambruk ngebruki para panggedhe lan sakehe wong kang ana ing jerone. Olehe pepati nalika sedane iku kehe ngungkuli kang pinatenan nalika isih sugeng.
31 Sawuse iku para sadhereke lan sakehing kulawargane kang rama tumuli padha teka ngukup layone, kasambut saka ing kono lan kasarekake ana ing pasareane kang rama Manoakh, ing antarane Zora lan Esytaol. Anggone ngakimi bangsa Israel iku lawase rong puluh taun.