Para Hakim 16:7-13 JAV

7 Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku kabanda karo tali gandhewa pitung iji, kang isih anyar tur durung garing, mesthi aku dadi apes lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

8 Para panggedhene wong Filisti tumuli ngasta tali gendhewa kang isih anyar tur durung garing lan Sang Simson banjur dibesta dening Dhelila klawan tali mau,

9 lan ing kamar kono ana wong kang samekta. Wong wadon mau banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” Nanging Sang Simson medhot taline kaya lawe rami kang pedhot, awit kobong kena geni, temah nganti ora kaweruhan dununging karosane.

10 Dhelila banjur matur marang Sang Simson: “Kula punika panjenengan damel gegujengan saestu, kula panjenengan apusi. Lah sapunika kula panjenengan blakani ta punapa ingkang kenging kangge mbesta panjenengan?”

11 Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa aku dibanda kalawan dhadhung anyar kang durung tau kanggo apa bae, aku mesthi dadi apes, lan lumrah kaya wong liya-liyane.”

12 Dhelila tumuli njupuk dhadhung anyar digawe mbesta Sang Simson lan banjur nguwuh-uwuh: “Tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan, Kangmas Simson!” -- ing kamar ana wong kang samekta -- nanging dhadhunge padha dipedhot kaya lawe bae kang udhar saka ing astane.

13 Dhelila tumuli matur marang Sang Simson: “Ngantos dumugi sapunika panjenengan punika damel gegujengan dhateng kula, panjenengan apusi kemawon. Bok inggih kula panjenengan blakani ta ingkang kenging kangge mbesta panjenengan punika punapa?” Pangandikane Sang Simson marang Dhelila: “Manawa klabangane rambutku pitu iku padha kokubetake oleh lungsening tenunan lan koksantosani nganggo pantek, mesthi aku dadi apes lan lumrah kaya wong liya-liyane.”