4 Nanging dhuwit iku dibalekake marang ibune, wong wadon iku nuli njupuk dhuwite selaka rong atus lan kawenehake marang tukang selaka; dhuwit iku kagawe reca ukir-ukiran lan cor-coran kang banjur diprenahake ana ing omahe Mikha.
5 Mikha iku duwe omah brahala. Banjur digawekake efod lan terafim; salah sawijining anake lanang didadekake imam.
6 Ing nalika samana ing Israel ora ana ratune, angger wong nindakake apa kang dianggep bener miturut wawasane.
7 Ana sawijining wong anom saka ing Betlehem-Yehuda, saka taler Yehuda; dheweke kalebu wong Lewi lan manggon ana ing kono dadi wong neneka.
8 Wong mau banjur budhal saka ing kutha Betlehem-Yehuda, arep neneka ana ing ngendi bae janji oleh panggonan; anggone lelaku tumeka ing pagunungan Efraim, ing omahe Mikha.
9 Tumuli diaruh-aruhi dening Mikah mau: “Panjenengan saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika tiyang Lewi saking Betlehem-Yehuda, kula kekesahan badhe neneka wonten ing pundi kemawon uger angsal panggenan.”
10 Celathune Mikha marang wong mau: “Sumangga panjenengan kula aturi dedalem nunggil kaliyan kula, badhe kula anggep bapa saha imam kula, saben taun panjenengan badhe kula caosi arta selaka sadasa, pangageman sapangadeg saha dhahar.”