19 Wangsulane wong-wong iku marang imam mau: “Wis cep menenga, mingkema, melua aku lan dadia bapak lan imamku kabeh. Endi sing kok pilih: ngimami omahe wong siji, apa ngimami wong sataler, iya sagotrah ing satengahe wong Israel?”
20 Imam mau seneng atine, njupuki efod, terafim tuwin recane ukir-ukiran, banjur melu lumaku ana ing satengahe wong akeh.
21 Wong-wong iku tumuli padha minger mbanjurake lakune, bocah-bocah lan raja-kaya apadene barang-barnag kang pangaji dilakokake ana ing ngarep.
22 Bareng wus kepara adoh saka ing omahe Mikha, wong kang manggon ana ing sacedhake omahe Mikha padha kaklumpukake, nututi bani Dhan.
23 Wong-wong mau padha nyeluki bani Dhan, mulane bani Dhan banjur padha nolih sarta ngucap marang Mikha: “Ana apa kowe kok padha krompolan mangkono?” Nuli diwangsuli:
24 “Lah wong kowe padha njupuki allahku olehku gawe, dalah imame, nuli kowe padha lunga. Aku iki kari duwe apa maneh? Kapriye dene aku kokuneni: Ana apa kowe iku?
25 Wong bani Dhan tumuli padha mangsuli: “Aja nganti aku padha krungu swaramu, supaya aja nganti ana wong kang gregeten nuli padha nempuh marang kowe, temah kowe kelangan nyawamu dalah nyawane saisining omahmu.”