8 Wong kang padha nelik mau saulihe marang para sadulure tunggal taler ing Zora lan ing Esytaol, banjur ditakoni dening para sadulure mau: “Apa kang koktrenjuhi ana ing kana?”
9 Wangsulane: “Padha samektaa, payo padha mangsah nglurug mrana, amarga aku wus padha ndeleng nagara iku, pancen apik banget. Genea kowe padha meneng bae? Aja padha aras-arasen nglurug ngejegi lan ngebeki nagara iku!
10 Satekamu ing kana kowe bakal nrenjuhi rakyat kang tentrem uripe, sarta tanahe iku jembar alang-ujure. Lah Gusti Allah wus ngulungake iku marang ing tanganmu; iku panggonan kang ora kekurangan samubarang kang ana ing salumahing bumi.”
11 Tumuli gotrahe suku Dhan budhal saka ing Zora lan ing Esytaol kehe ana wong nem atus padha sikep gegaman.
12 Banjur padha mangkat lan tumuli makuwon ana ing sacedhake. Kiryat-Yearim ing tanah Yehuda. Mulane panggonan kono iku nganti saprene karan Mahane-Dhan; prenahe ana ing sakulone Kiryat-Yearim.
13 Saka ing kono terus baris menyang ing pagunungan Efraim lan padha tekan ing omahe Mikha.
14 Wong lima kang maune lunga nelik tanah ing Lais iku banjur padha kandha marang para sadulure, tembunge: “Apa kowe padha sumurup, yen ing omah-omah kene ana efode lan terafime, apadene reca ukir-ukiran lan reca cor-coran? Lah saiki kowe padha ngretia temenan apa kang bakal koklakoni!”