11 Bareng lakune tekan ing cedhake Yebus mau, srengengene wus endhek banget; bature banjur matur marang bendarane: “Sumangga sami mampir ing kithanipun tiyang Yebus punika, sami nyipeng wonten ing ngriku.”
12 Nanging bendarane mangsuli: “Aku ora bakal padha mampir ing kuthane wong ngamanca, kang dudu wewengkone wong Israel, becik aku padha mbacutake laku nganti tekan ing kutha Gibea.”
13 Banjur kandha maneh marang bature: “Ayo padha mbacutake laku nganti tutug ing salah sawijining panggonan kana, padha nginep ana ing Gibea utawa ing Rama.”
14 Dadine padha mbacutake lakune. Bareng wus cedhak ing kutha Gibea, kang klebu tlatahe taler Benyamin, srengenge wis surup.
15 Marga saka iku banjur padha menyang Gibea, arep nginep ana ing kono lan salebune tumuli lungguh ana ing ara-araning kutha, nanging ora ana wong siji-sijia kan ngajak menyang omahe ngwenehi panginepan.
16 Nanging ing wayah sore iku banjur ana wong tuwa mulih saka pagaweane ing tegal. Wong mau asale saka ing pagunungan Efraim, neneka manggon ana ing Gibea, nanging wong kang padha manggon ing kutha kono iku wong Benyamin.
17 Bareng wong tuwa mau ndengengek ndeleng wong lelaku ana ing ara-araning kutha, tumuli aruh-aruh: “Panjenengan badhe dhateng pundi, lan panjenengan rawuh saking pundi?”