Para Hakim 19:16-22 JAV

16 Nanging ing wayah sore iku banjur ana wong tuwa mulih saka pagaweane ing tegal. Wong mau asale saka ing pagunungan Efraim, neneka manggon ana ing Gibea, nanging wong kang padha manggon ing kutha kono iku wong Benyamin.

17 Bareng wong tuwa mau ndengengek ndeleng wong lelaku ana ing ara-araning kutha, tumuli aruh-aruh: “Panjenengan badhe dhateng pundi, lan panjenengan rawuh saking pundi?”

18 Wangsulane marang wong-wong mau: “Kula saweg sami lelampah saking Betlehem-Yehuda badhe dhateng ing pengkeraning pareden ing Efraim; asal kula saking ing ngriku. Kula mentas kesah dhateng Betlehem-Yehuda lan sapunika badhe mantuk dhateng griya kula. Nanging boten wonten tiyang ingkang ngajak kula dhateng ing griyanipun,

19 sanadyan kula sampun gadhah dami saha pakan kangge kuldi kula, makaten ugi sampun woten roti tuwin anggur kangge kula saha abdi panjenengan tiyang estri, punapa dene kangge abdi ingkang tumut kula; kula sami boten kekirangan punapa-punapa.”

20 Wong tuwa mau banjur kandha: “Sampun ngantos kuwatos! Sadaya ingkang panjenengan betahaken kula ingkang badhe nanggel, nanging panjenengan sampun ngantos nyipeng wonten ing ara-araning kitha punika.”

21 Wonge tumuli diater lumebu ing omahe sarta kuldine padha dipakani; dene sawuse wisuh sikil, banjur padha mangan lan ngombe.

22 Nanging bareng lagi padha enak-enak, lah wong ing kutha kono, wong kang ambek dursila, tumuli padha ngepung omah iku mau, padha ndhodhogi lawang sarta padha celathu marang wong tuwa kang duwe omah tembunge: “Wong kang mentas teka ing omahmu iku gawanen metu, arep dakanggo seneng-seneng!”