18 Wangsulane marang wong-wong mau: “Kula saweg sami lelampah saking Betlehem-Yehuda badhe dhateng ing pengkeraning pareden ing Efraim; asal kula saking ing ngriku. Kula mentas kesah dhateng Betlehem-Yehuda lan sapunika badhe mantuk dhateng griya kula. Nanging boten wonten tiyang ingkang ngajak kula dhateng ing griyanipun,
19 sanadyan kula sampun gadhah dami saha pakan kangge kuldi kula, makaten ugi sampun woten roti tuwin anggur kangge kula saha abdi panjenengan tiyang estri, punapa dene kangge abdi ingkang tumut kula; kula sami boten kekirangan punapa-punapa.”
20 Wong tuwa mau banjur kandha: “Sampun ngantos kuwatos! Sadaya ingkang panjenengan betahaken kula ingkang badhe nanggel, nanging panjenengan sampun ngantos nyipeng wonten ing ara-araning kitha punika.”
21 Wonge tumuli diater lumebu ing omahe sarta kuldine padha dipakani; dene sawuse wisuh sikil, banjur padha mangan lan ngombe.
22 Nanging bareng lagi padha enak-enak, lah wong ing kutha kono, wong kang ambek dursila, tumuli padha ngepung omah iku mau, padha ndhodhogi lawang sarta padha celathu marang wong tuwa kang duwe omah tembunge: “Wong kang mentas teka ing omahmu iku gawanen metu, arep dakanggo seneng-seneng!”
23 Wonge kang duwe omah banjur metoni marang wong akeh sarta padha dituturi: “Sampun ta para sadherek kula, bok sampun ngantos nglampahi piawon makaten, amargi tiyang punika sampun wonten ing griya kula, bok sampun nglampahi piawon kados makaten!
24 Nanging kula gadhah anak taksih prawan, lan seliripun tiyang punika, sami kula bektanipun medal, punika panjenengan damel sukan-sukan, saha panjenengan damel ing sakarsa panjenengan, namung tiyang punika sampun panjenengan damel pangewan-ewan!”