Para Hakim 19:24-30 JAV

24 Nanging kula gadhah anak taksih prawan, lan seliripun tiyang punika, sami kula bektanipun medal, punika panjenengan damel sukan-sukan, saha panjenengan damel ing sakarsa panjenengan, namung tiyang punika sampun panjenengan damel pangewan-ewan!”

25 Nanging wong mau padha ora ngrewes marang ing pituture. Wong Lewi mau banjur nyandhak selire digawa metu menyang ing jaba kaulungake marang wong akeh, banjur dituroni klawan digawe dolanan sawengi natas, nganti tumeka ing wayah esuk. Bareng wetune bang-bang wetan wong wadon mau lagi ditinggal lunga.

26 Nalika wayah bangun esuk wong wadon mau lagi bali, nanging ambruk ana ing ngarepe lawanging omahe wong tuwa kang diinepi bendarane, lan dheweke gumlethak ana ing kono nganti padhang.

27 Bareng bendarane ing wayah esuk tangi, tumuli ngengakake lawange omah sarta metu sumedya mbanjurake lakune, lah wong wadon, selire iku ketemu gumlethak ana ing lawanging omah, tangane padha sumeleh ana ing tlundhag.

28 Pangucape marang wong wadon mau: “Ngadega, payo padha mangkat.” Nanging ora ana wangsulane; mayite banjur diemotake ing kuldi, lan wonge tumuli budhal mulih.

29 Satekane ing omahe banjur njupuk lading, sarta selire dicandhak ditengkel-tengkel miturut gegelitane dadi rolas tengkel, padha dikirimake menyang sakehing tlatahe tanah Israel.

30 Lan angger wong kang weruh duwe pangucap: “Kang kaya mangkono iku durung tau kelakon utawa kasumurupan wiwit ing dinane wong Israel padha budhal metu saka ing tanah Mesir nganti saiki. Mara, prakara iki pikiren lan timbang-timbangen banjur caturana.”