3 Bojone tumuli mangkat nusul arep diarih-arih murih baline; lakune kanthi batur lanang siji lan kuldi loro. Satekane ing kana banjur diajak dening wong wadon enom iku lumebu ing omahe bapakne. Bareng bapakne wong wadon mau weruh tekane, tumuli diacarani klawan bungah.
4 Malah banjur diendheg dening maratuwane, iya iku bapakne wong wadon noml mau, nganti telung dina ana ing omahe bapakne iku; padha mangan lan ngombe sarta nginep ana ing kono.
5 Bareng ing patang dinane nalika esuk uthuk-uthuk padha tangi lan nalika wong Lewi mau tata-tata arep mangkat, bapakne wong wadon mau tumuli kandha marang mantune: “Sarapan roti sacuwil dhisik, nuli padha mangkata!”
6 Dadine sakaro-karone banjur padha lungguh mangan lan ngombe. Bapakne wong wadon nom mau tumuli kandha marang wong lanang mau: “Kowe bok ndhanganake atimu nginep maneh lan ngenggar-enggar atimu!”
7 Nanging bareng wong mau ngadeg arep mangkat, dipeksa-peksa dening maratuwane, banjur nginep maneh.
8 Bareng ing limang dinane nalika wong mau tata-tata ing wayah esuk arep mangkat, bapakne wong wadon mau kandha: “Sarapana dhisik ta, banjur srantekna tekan wayah lingsir kulon.” Sakarone banjur padha mangan.
9 Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”