5 Bareng ing patang dinane nalika esuk uthuk-uthuk padha tangi lan nalika wong Lewi mau tata-tata arep mangkat, bapakne wong wadon mau tumuli kandha marang mantune: “Sarapan roti sacuwil dhisik, nuli padha mangkata!”
6 Dadine sakaro-karone banjur padha lungguh mangan lan ngombe. Bapakne wong wadon nom mau tumuli kandha marang wong lanang mau: “Kowe bok ndhanganake atimu nginep maneh lan ngenggar-enggar atimu!”
7 Nanging bareng wong mau ngadeg arep mangkat, dipeksa-peksa dening maratuwane, banjur nginep maneh.
8 Bareng ing limang dinane nalika wong mau tata-tata ing wayah esuk arep mangkat, bapakne wong wadon mau kandha: “Sarapana dhisik ta, banjur srantekna tekan wayah lingsir kulon.” Sakarone banjur padha mangan.
9 Bareng wonge ngadeg arep mangkat dalah selire lan bature, maratuwane, iya iku bapakne wong wadon iku, banjur celathu: “Lah ta delengen, iki wis lingsir kulon, ngarepake surup, bok nginep ana ing kene bae lan ngenggar-enggarna atimu, nuli sesuk tangia sing esuk lan banjur padha mangkata mulih.”
10 Nanging wonge ora gelem nginep, malah tumuli tata-tata lan banjur mangkat. Lakune tekan ing ngarepe Yebus -- yaiku Yerusalem -- dalasan kuldine loro kang wis abah-abahan lan selire uga melu.
11 Bareng lakune tekan ing cedhake Yebus mau, srengengene wus endhek banget; bature banjur matur marang bendarane: “Sumangga sami mampir ing kithanipun tiyang Yebus punika, sami nyipeng wonten ing ngriku.”