1 Sang Malaekating Yehuwah nuli tindak saka ing Gilgal menyang ing Bokhim sarta ngandika: “Ingsun wus ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan sira padha Sunlebokake ing tanah kang wus Sunprasetyakake kanthi supaos marang para leluhurira klawan pangandika: Ingsun ora bakal nyandekake prasetyaningSun klawan sira ing salawas-lawase,
2 nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?
3 Ingsun malah uga wus ngandika: Wong iku bakal padha ora Suntundhungi saka ing ngarepanira, malah iku bakal padha dadi mungsuhira sarta sakehing allahe bakal padha dadi kalajiret tumrap sira.”
4 Bareng Sang Malaekating Yehuwah mau wus ngandika mangkono marang wong Israel kabeh, wong-wong iku tumuli padha nangis sora.
5 Mulane panggonan iku diarani Bokhim. Wong-wong mau banjur padha nyaosake kurban marang Sang Yehuwah ana ing kono.
6 Sawuse Senapati Yusak nglilani mundur wong Israel banjur padha mangkat siji-sijine menyang ing tanah-pusakane, lan padha ngebeki nagara kono.
7 Anadene bangsa mau tetep padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan salawase sugenge para sesepuh kang isih kasambungan yuswane nganti sapengkere Senapati Yusak, lan kang padha menangi sakehing kaelokane Sang Yehuwah kang ditandukake marang Israel.