19 Nanging manawa hakim iku seda, tumuli padha tumindak ala maneh, luwih ala katimbang karo leluhure, padha manut allah liya-liyane klawan padha dibekteni lan disujudi; padha ora ngunduri pisan-pisan pratingkah lan lakune kang ndlarung iku.
20 Manawa bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, pangandikane mangkene: “Sarehne bangsa iki nerak prasetyaningSun, kang wus Sundhawuhake marang para leluhure, lan padha ora nggatekake marang dhawuhingSun,
21 mulane Ingsun ora karsa nglajengake nundhungi bangsa siji-sijia saka ing ngarepane, kang isih dikarekake dening Yusak nalika matine,
22 supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel, apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah kayadene para leluhure apa ora.”
23 Mangkono dadine bangsa-bangsa iku mau padha dilestarekake manggon dening Sang Yehuwah lan ora enggal ditundhungi lunga, sarta ora diulungake marang tangane Sanapati Yusak.