2 Para panggedhene wong sabangsa kabeh saka sakehing talere Israel padha ngirid pasamuwane umate Gusti Allah, gunggung wong patang atus ewu kang padha dharat lan sikep gegaman pedhang.
3 Bani Benyamin padha krungu warta, yen wong Israel padha nglurug menyang ing Mizpa. Wong Israel nuli padha ngucap: “Padha critakna kapriye kelakone kadursilan iku?”
4 Wong Lewi somahe wong wadon kang kapatenan banjur matur: “Kula kanthi semah kula selir kaleresan dhateng ing Gibea ingkang klebet wewengkonipun Benyamin, sumedya badhe nyipeng.
5 Sareng dalu tiyang ing Gibea wau lajeng sami ndhatengi kula lan griya punika dipun kepang sumedya nempuh dhateng kula. Kula punika badhe dipun pejahi, nanging semah kula selir dipun wasesa ngantos dados lan pejahipun.
6 Sareng makaten mayitipun selir kula wau lajeng kula pendhet, kula tengkel-tengkel sarta kula kintunaken dhateng ing jajahaning tanah-pusakanipun tiyang Israel sadaya, amargi ingkang dipun tindakaken wonten ing satengahipun tiyang Israel punika pratingkah resah saha dados pangewan-ewan.
7 Lah sapunika panjenengan tiyang Israel sadaya sampun sami wonten ngriki, sumangga sami karsaa paring pirembag lan pamrayogi.”
8 Sagolongane wong kabeh banjur padha saiyeg tumandang, pangucape: “Panunggalan kita siji bae ora ana kang mulih menyang kemahe, siji bae ora ana kang bali menyang ing omahe.