Para Hakim 20:31-37 JAV

31 Wong bani Benyamin tumuli padha mangsah perang, temah padha kapancing saka ing kuthane, sarta wiwit nggepuk oleh pepati saka bala Israel sawetara kaya kang dhisik, papane ana ing ratan gedhe loro, kang siji ngener menyang ing Betel, sijine metu ing ara-ara anjog ing Gibea, temah kira-kira ana wont telung puluh saka wong Israel kang pinatenan.

32 Ing kono pangucape bani Benyamin: “Wis padha kalah ana ing ngarep kita kaya kang dhisik kae.” Nanging wong Israel ing maune wus padha sarujukan: “Payo padha lumayu mancing wong-wong iku saka ing kutha menyang ing dalan-dalan gedhe.”

33 Wong Israel dadine banjur padha mingser saka ing panggonane, nata gelar ana ing Baal-Tamar, dene bala pendhem Israel dumadakan padha metu saka ing papane, yaiku papan blak-blakan ing sacedhake Gibea,

34 nganti tekan ing sangarepe Gibea, kehe ana sepuluh ewu, bala pilihan saka Israel kabeh. Banjur campuh perang rame, nanging wong Benyamin padha ora sumurup yen ana bilai kang nekani.

35 Sang Yehuwah tumuli ndadosake Benyamin kalah perange ana ing ngarepe Israel, temah wong Israel ing dina iku bisa nyirnakake saka ing antarane taler Benyamin wong selawe ewu limang atus, kabeh kang padha sikep gegaman pedhang.

36 Wong bani Benyamin padha weruh, yen wus kalah. Dene bala Israel padha rada mundur ana ing sangarepe suku Benyamin -- sabab padha ngendelake baris pendhem kang wus pacak baris arep nempuh Gibea --.

37 Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.