1 Wong Israel wus padha nglairake sumpah ana ing Mizpa, mangkene: “Aja ana panunggalan kita kang ngolehake anake wadon karo wong Benyamin dadi somahe.”
2 Nalika bangsa iku tumeka ing Betel sarta andher ana ing kono ana ing ngarsane Gusti Allah, nganti tumeka ing wayah sore, tumuli padha ngulukake swarane karo nangis kelara-lara.
3 Lan unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, punapaa dene ngantos wonten lelampahan kados makaten wonten ing Israel, dene ing dinten punika kok wonten taleripun Israel satunggal ingkang ical?”
4 Esuke ing wayah umun-umun bangsa Israel padha ngedegake misbyah ana ing kono, tumuli padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan.