13 Sawuse mangkono wong saumat kabeh tumuli kongkonan ngandhani bani Benyamin kang ana ing gunung parang Rimon, sarta padha diajak bedhami.
14 Ing nalika iku suku Benyamin banjur bali, sarta padha diwenehi wong wadon kang padha diuripi panunggalane wong wadon ing Yabesy-Gilead, ewadene cacahe durung nyukupi kanggo wong-wong mau.
15 Bangsa iku mesakake marang taler Benyamin, amarga Sang Yehuwah ndadosake gempale taler Israel.
16 Sawuse mangkono para tetuwane pasamuwan tumuli padha duwe pangucap: “Kapriye patrap kita nggolekake jodho wong kang isih kari urip iki? Amarga wong wadon ing antarane bani Benyamin wis padha sirna.”
17 Apa maneh pangucape: “Tanah-pusaka warisane wong-wong kang padha oncat iku tetepa dadi darbeke taler Benyamin, supaya aja nganti ana taler kang ilang saka ing antarane wong Israel.
18 Nanging mungguh aku iki padha ora kena menehake rabi anakku dhewe, amarga wong Israel wus padha sumpah mangkene: Kenaa ing ipat-ipat sapa kang menehi bojo marang wong Benyamin.”
19 Ing kono banjur ana kang duwe rembug mangkene: “Lah saben taun ing Silo rak ana pahargyan riyaya sumaos marang Sang Yehuwah ana ing salore Betel, sawetane dalan gedhe saka Betel menyang ing Sikhem lan ig sakidule Lebona.”