Para Hakim 21:16-22 JAV

16 Sawuse mangkono para tetuwane pasamuwan tumuli padha duwe pangucap: “Kapriye patrap kita nggolekake jodho wong kang isih kari urip iki? Amarga wong wadon ing antarane bani Benyamin wis padha sirna.”

17 Apa maneh pangucape: “Tanah-pusaka warisane wong-wong kang padha oncat iku tetepa dadi darbeke taler Benyamin, supaya aja nganti ana taler kang ilang saka ing antarane wong Israel.

18 Nanging mungguh aku iki padha ora kena menehake rabi anakku dhewe, amarga wong Israel wus padha sumpah mangkene: Kenaa ing ipat-ipat sapa kang menehi bojo marang wong Benyamin.”

19 Ing kono banjur ana kang duwe rembug mangkene: “Lah saben taun ing Silo rak ana pahargyan riyaya sumaos marang Sang Yehuwah ana ing salore Betel, sawetane dalan gedhe saka Betel menyang ing Sikhem lan ig sakidule Lebona.”

20 Wong bani Bwenyamin tumuli padha diwekas mangkene: “Kowe padha lungaa, nyegata ana ing pakebonan anggur.

21 Padha ngawasna temenan; manawa prawan-prawan ing Silo padha metu jejogedan, kowe nuli padha metua saka ing pakebonan anggur mau, lan siji-sijine panunggalanmu nggondhola prawan ing Silo siji dadia bojomu lan padha menyanga ing tanah Benyamin.

22 Saupama bapakne utawa sadulure prawan mau padha njaluk adil marang aku, tumuli bakal padha dakkandhani: Bok iku padha wenehna marang aku kalawan lega-lila ta, amarga ing sajroning perang kita ora bisa nyekel wong wadon minangka jodhone, rak dudu kowe kang ngwenehake prawan-prawan iku marang wong-wong iku; sabab manawa mangkono, kowe padha kaluputan.”