2 Nalika bangsa iku tumeka ing Betel sarta andher ana ing kono ana ing ngarsane Gusti Allah, nganti tumeka ing wayah sore, tumuli padha ngulukake swarane karo nangis kelara-lara.
3 Lan unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, punapaa dene ngantos wonten lelampahan kados makaten wonten ing Israel, dene ing dinten punika kok wonten taleripun Israel satunggal ingkang ical?”
4 Esuke ing wayah umun-umun bangsa Israel padha ngedegake misbyah ana ing kono, tumuli padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan.
5 Ing nalika samana wong Israel banjur padha ngucap mangkene: “Panunggalane sakehing talere Israel sapa kang ora melu teka karo pasamuwan iki lan banjur seba ing ngarsane Sang Yehuwah?” Amarga wus padha nglairake sumpah kang abot tumrap in sadhengah wong kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Mizpa, mangkene anggone sumpah: “Wong iku ora kena ora mesthi kaukum pati!”
6 Wong Israel padha mesakake marang suku Benyamin sadulure iku, pangucape: “Ing dina iki ana taler siji kang kapegat saka ing Israel.
7 Kapriye ta rekane tumrap wong kang isih kari iku anggonku padha ngolehake bojo, amarga aku wus padha sumpah demi Sang Yehuwah, yen ora bakal menehake anakku wadon marang para wong iku dadi somahe.”
8 Mulane padha ngucap: “Panunggalane taler Israel apa ana kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ana ing Mizpa?” Lah ing kono banjur kasumurupan, manawa wong ing Yabesy-Gilead iku ora ana wong siji-sijia kang nekani ing pakemahan ing pasamuwan iku.