6 Wong Israel padha mesakake marang suku Benyamin sadulure iku, pangucape: “Ing dina iki ana taler siji kang kapegat saka ing Israel.
7 Kapriye ta rekane tumrap wong kang isih kari iku anggonku padha ngolehake bojo, amarga aku wus padha sumpah demi Sang Yehuwah, yen ora bakal menehake anakku wadon marang para wong iku dadi somahe.”
8 Mulane padha ngucap: “Panunggalane taler Israel apa ana kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ana ing Mizpa?” Lah ing kono banjur kasumurupan, manawa wong ing Yabesy-Gilead iku ora ana wong siji-sijia kang nekani ing pakemahan ing pasamuwan iku.
9 Cacahe bangsa banjur katiti-priksa, lah ora ana wong siji-sijia saka ing Yabesy-Gilead.
10 Pasamuwan tumuli nglakokake bala rolas ewu mrana, panunggalane para wong kang gagah prakosa, sarta padha diwekas mangkene: “Padha budhala, wong ing Yabesy-Gilead padha tumpesen klawan landheping pedhang, dalah wong wadon lan bocah-bocahe.
11 Nanging tumindakmu mangkenea: sakehing wong lanang lan wong wadon kang wis tau ngalami tunggal turu, iku padha tumpesen.”
12 Anadene panunggalane wong ing yabesy-Gilead tinemu ana bocahe wadon patang atus kang padha isih prawan, kang durung tau tunggal turu karo wong lanang, iku padha digawa menyang pakemahan ing Silo, kang kaprenah ana ing tanah Kanaan.