11 Anadene Heber, wong Keni wus pisah karo wong bani Kain, turune Hobab, ipene Nabi Musa, lan wus nancebake tarube ngolah-ngalih nganti tekan ing wit kayu elon ing Zaanaim, sacedhake Kedesy.
12 Bareng Senapati Sisera kawartanan yen Sang Barak bin Abinoam wus nglurug menyang ing pagunungan Tabor,
13 tumuli nglempakake sakehing karetane wesi sangang atus lan sakehe bala kang padha ndherek, kairid saka Haroset-Hagoyim menyang kali Kison.
14 Ing kono dhawuhe Ibu Dhebora marang Sang Barak: “Budhala, awit ing dina iki Sang Yehuwah ngulungake Sisera ing tanganmu. Pangeran Yehuwah piyambak rak wis tindak ngrumiyini lakumu!” Sang Barak banjur mandhap saka ing gunung Tabor, kadherekake balane sepuluh ewu mau.
15 Sang Yehuwah tumuli ngisruhake Sisera lan sakehing karetane tuwin sabalane kabeh ana ing ngarsane Sang Barak kalawan landheping pedhang, temah Senapati Sisera banjur mandhap saka ing karetane, keplajeng kalawan dharat.
16 Karetane perang lan balane banjur dioyak dening Sang Barak nganti tutug ing Haroset-Hagoyim; balane Sang Sisera kabeh padha nemu tiwas dening landheping pedhang, ora ana kang oncat siji-sijia.
17 Nanging Senapati Sisera anggone keplajeng kalawan dharat mau menyang ing kemahe Ibu Yael, garwane Sang Heber, wong Keni, amarga Prabu Yabin, ratu ing Hasor iku rukun karo kulawangsane Sang Heber, wong Keni mau.