18 Ibu Yael banjur metu mapagake Sang Sisera sarta matur: “Bendara, panjenengan kula aturi mampir lumebet, sampun kuwatos.” Senapati Sisera tumuli mampir lumebet, banjur disingebi kamli.
19 Panjenengane banjur ngandika: “Bok kula panjenengan paringi ngombe toya sakedhik, awit kula ngelak sanget.” Ibu Yael banjur mbukak impes isi puwan, Sang Sisera diaturi ngunjuk, banjur disingebi maneh.
20 Senapati Sisera ngandika maneh marang Ibu Yael: “Panjenengan kula aturi nengga korining kemah lan manawi wonten tiyang dhateng pitaken: Ing ngriki punapa wonten tiyang, panjenengan wangsuli: Boten wonten.”
21 Nanging Ibu Yael, garwane Sang Heber mau mendhet pathoking kemah sarta nyepeng palu, tumuli alon-alon nyelaki Senapati Sisera, pathok mau dianjingake ing pilingane nganti tembus tumanceb ing bumi, amarga Sang Sisera lagi sare kepati, sarta sayah temah dadi lan sedane.
22 Ing wektu semana Sang Barak kang ngoyak-oyak Sang Sisera banjur rawuh. Ibu Yael tumuli medal methukake Barak lan diaturi: “Sumangga panjenengan kula tedahi tiyang ingkang panjenengan oyak.” Sang Barak banjur lumebet ing panggonane, lah Sang Sisera gumuling wus seda, pathoke isih tumanceb ing pilingane.
23 Kaya mangkono anggone Gusti Allah ing dina iku nelukake Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan ana ing sangarepe wong Israel.
24 Pameteking tangane wong Israel marang Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan saya banget, nganti Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan mau kasedanan.