Para Hakim 6:10-16 JAV

10 Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.”

11 Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli rawuh lenggah ana ing sangisore wit elon ing Ofra, duweke Yoas bin Abiezer, dene anake lanang kang jeneng Gidheon lagi nutu gandum ana ing pamipitan anggur, murih aja konangan wong Midian.

12 Banjur diketingali dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah mau sarta didhawuhi: “He prawira gagah prakosa, Sang Yehuwah nunggil karo sira.”

13 Atur wangsulane Gidheon: “Adhuh Gusti, manawi saestu Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan kawula sadaya, punapaa dene kawula ngantos sami nandhang ingkang kados makaten punika sadaya? Pundi ta sakathahipun kaelokan ingkang dipun cariyosaken para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya, kala cariyos: Apa dudu sang Yehuwah kang wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir? Nanging sapunika Pangeran Yehuwah sampun negakaken dhateng kawula, sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Midian.”

14 Sang Yehuwah tumuli mengo mirsani marang Gidheon lan ngandika: “Sira mangkata kanthi karosanira iki sarta ngluwarana wong Israel saka ing pamisesane wong Midian. Rak Ingsun kang ngutus sira?”

15 Nanging atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Adhuh Gusti, srana punapa anggen kawula badhe ngluwari tiyang Israel? Lah ta gotrah kawula punika kalebet ingkang alit piyambak saking panunggilanipun taler Manasye, sarta kawula punika sasedherek ingkang anem piyambak.”

16 Dhawuhe Sang Yehuwah marang Gidheon: “Nanging Ingsun iki bakal nunggil karo sira, mulane sira bakal nggepuk ngesorake wong Midian, nganti tapis.”