Para Hakim 6:20-26 JAV

20 Sang Malaekating Allah banjur ngandika marang Gidheon: “Iwake lan rotine kang tanpa ragi iku selehna ana ing watu kene, lan duduhe esokna!” Iku iya tumuli katindakake.

21 Sang Malaekate Pangeran Yehuwah banjur ngayatake lantaran kang ana ing astane, pucuke didemokake ing iwak lan roti mau, tumuli ana geni mubal saka ing watu iku kang banjur mangsa daging lan roti mau nganti entek. Sawuse mangkono Sang Malaekate Pangeran Yehuwah musna saka ing pandelenge.

22 Ing kono Gidheon mangreti, yen iku mau Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, sarta banjur munjuk: “Adhuh, cilaka kawula, dhuh Pangeran Yehuwah, amargi kawula kok ngantos ningali aben-ajeng kaliyan Sang Malaekatipun Pangeran Yehuwah.”

23 Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Gidheon: “Tentrem rahayu anaa ing sira. Aja kuwatir, sira ora bakal mati.”

24 Gidheon tumuli gawe misbyah ana ing kono sumaos marang Sang Yehuwah lan iku diwenehi jeneng: Sang Yehuwah iku karahayon. Misbyah iku isih ana nganti saprene ana ing Ofra, kuthane wong Abiezer.

25 Ing bengi iku uga Sang Yehuwah dhawuh marang Gidheon: “Sira njupuka sapi lanang enom siji duweke bapakira, yaiku sapine lanang kang angka loro kang umur pitung taun, nuli misbyahe bapakira kang kanggo Baal iku bubrahen, lan saka brahala kang ana ing sandhinge iku rubuhna!

26 Sawise mangkono sira banjur ngedegna misbyah kagem Sang Yehuwah Gusti Allahira, ana ing dhuwur beteng iki, tinataa kang prayoga, nuli sapi lanang kang angka loro iku mau gawanen sarta aturna minangka kurban obaran nganggo kayu sakaning brahala kang bakal sira rubuhake iku.”