27 Gidheon tumuli nggawa bature sapuluh lan nindakake apa kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah mau. Nanging sarehne ora wani nglakoni ing wayah awan, awit wedi karo kulawangsane lan wong-wong ing kutha kono, mulane anggone nindakake ing wayah bengi.
28 Bareng wong ing kutha kono esuk umun-umun padha tangi, misbyahe Baal katon wus kabubrah apadene sakaning brahala kang ana ing sandhinge wus karubuhake, sarta sapine lanang kang angka loro wus kakurbanake ana ing misbyah kang mentas kaedegake.
29 Wong-wong mau banjur padha sapocapan: “Sapa ta kang tumindak mangkono iku?” Bareng dititipriksa lan ditakok-takokake, nuli ana kang kandha: “Gidheon bin Yoas, iku kang tumindak mangkono!”
30 Wong ing kutha kono tumuli padha kandha-kandha marang Yoas: “Anakmu gawanen metu arep dakpateni, awit wus mbubrah misbyahe Baal lan ngrubuhake saka brahala kang ana ing sandhinge.”
31 Nanging Yoas mangsuli marang sakehe wong kang padha ngrubung iku: “Apa kowe padha perang mbelani Baal? Utawa apa kowe arep ngrewangi dheweke? Sapa kang mbelani Baal iku bakal dipateni sadurunge esuk. Manawa Baal iku allah, kareban mbelani awake dhewe, amarga misbyahe dirubuhake.”
32 Mulane ing dina iku Gidheon diparabi Yerubaal, amarga pangucape wong: “Kareben Baal perang karo dheweke, amarga misbyahe dirubuhake.”
33 Kacarita sakehe wong Midian lan wong Amalek apadene wong ing sisih wetan wus padha nglumpuk, kabeh wus padha nyabrang lan ngedegake tarub ana ing lebak Yizreel.