30 Wong ing kutha kono tumuli padha kandha-kandha marang Yoas: “Anakmu gawanen metu arep dakpateni, awit wus mbubrah misbyahe Baal lan ngrubuhake saka brahala kang ana ing sandhinge.”
31 Nanging Yoas mangsuli marang sakehe wong kang padha ngrubung iku: “Apa kowe padha perang mbelani Baal? Utawa apa kowe arep ngrewangi dheweke? Sapa kang mbelani Baal iku bakal dipateni sadurunge esuk. Manawa Baal iku allah, kareban mbelani awake dhewe, amarga misbyahe dirubuhake.”
32 Mulane ing dina iku Gidheon diparabi Yerubaal, amarga pangucape wong: “Kareben Baal perang karo dheweke, amarga misbyahe dirubuhake.”
33 Kacarita sakehe wong Midian lan wong Amalek apadene wong ing sisih wetan wus padha nglumpuk, kabeh wus padha nyabrang lan ngedegake tarub ana ing lebak Yizreel.
34 Ing nalika samana Gidheon kalimputan ing Rohe Sang Yehuwah; nuli Gidheon ngunekake kalasangka, wong bani Abiezer padha kaklumpukake padha dikon ngetut buri lakune.
35 Apamaneh uga banjur nyebar kongkonan menyang ing satlatahe suku Manasye kabeh, wonge padha kaklumpukake lan dikon ngetut buri. Apadene uga banjur nyebar kongkonan menyang suku Asyer, Zebulon tuwin Naftali, lan wong-wong iku iya padha ngumpul manunggal karo wong-wong mau.
36 Gidheon tumuli munjuk marang Gusti Allah: “Manawi Paduka badhe ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula, kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken,