5 Ujer pangluruge iku klawan padha nggawa pepanthane kewane lan kemahe, tekane kaya walang kekrompolan kehe, wong-wonge dalah untane nganti padha ora kena winilang. Tekane ing tanah kono pancen sumedya arep ngrusak,
6 temahan Israel banget nandhang kemlaratan, marga saka panggawene wong Midian mau. Wong Israel tumuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah.
7 Bareng wong Israel padha sesambat marang Sang Yehuwah, marga saka wong Midian mau,
8 Sang Yehuwah tumuli ngutus sawijining nabi nemoni wong Israel, sarta iku padha didhawuhi: “Pangandikane Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Ingsun wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, padha Sunirid metu saka ing tanah pangawulan,
9 Sunluwari saka tangane wong Mesir lan saka ing tangane sakehing wong kang padha nindhes sira, wong-wong iku wus padha Suntundhungi saka ing ngarepira sarta nagarane Sunparingake marang sira.
10 Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.”
11 Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli rawuh lenggah ana ing sangisore wit elon ing Ofra, duweke Yoas bin Abiezer, dene anake lanang kang jeneng Gidheon lagi nutu gandum ana ing pamipitan anggur, murih aja konangan wong Midian.